Rabu, 11 Juli 2012

WOLAK-WALIK'E JAMAN


By: Satrio Bakul Tempe

Dina terus lumaku
Wektu terus mubeng
Suwening suwe kabeh ngalami owah owahan
Saiki jaman wus ganti
Panguripan uga wus malik
Hawa sing ndisik seger
Saiki dadi panas sumuk

Kali sing ndisik mili resik
Saiki dadi mambeg reged
Papan kang ndisik bawera arang pomahan
Saiki sumpek lan padhet
Panguripan uga ngalami owah owahan
Uwong uwong sing ndisik semanak marang liyan
Saiki ambeg marang sapadha pandha mburu butuhe dewe
Pamong praja kang kudune mbangun negara
Malah padha ngubal ubal dhuwit negara
Wong pinter padha keblinger
Pendhita padha adol ngelmu
Aku kelingan dhuk nalika semana
Playon turut galengan
Kang saiki dadi gedhung gedhung
Lelangen ing kali
Kang saiki kanggo ngilekake rereged
Mlayu mlayu turut dalan padesan
Kang sepi
Nanging saiki dadi dalan kang padhet tetumpakan
Ngundho layangan ing langit kang biru
Kang saiki malik reged dening kebul pabrik
Alas kang ijo royo royo
Padha ditegori uwite
Lapangan kang jembar
Saiki dadi perumahan
Kewan kewan padha diburu
Kanggo kelangenan tanpa rasa welas
Kaya kaya wis ora ana sing bener
Wis padha lali marang alam
Jer wong urip mono amung sakdremo manggon
Ananging tundhone malah ngrusak
Kaya kaya alam iki duweke dewe
Ora mangerti yen alam iki uga urip
Yen rinasa manungsa amung gawe kapitunan
Alam bakal tumindak supaya ora tambah rusak
Mula kadadean bencana alam ing endi papan
Dudu salahe alam yen dheweke malik
Ananging manungsa kang anjalari alam malik
Alam saiki dudu mitra meneh
Awit manungsa wus lali memitran marang alam

PUISI JOWO

ING SAKWIJINING WENGI
Dening : Satrio bakul pecel
Wengi saya sepi
Ati wening alon lumaku
Tumuju mahasing ngasepi
Datan laras mrang pikir kang muntir muntir
Kaseret lelamunan
Satemah ngadoh saka suwung
Lan wening

Pasulayan pepinginan lan nalar tanpa wusana
Angen angen kang ngaya wara
Njalari ati tan bisa gembleng
Laku pamelengan saya rumpil
Saya adoh
Saya samar

Pangimpen kang tan dadi nyata
Pepenginan kang tan kasembadan
Manjalma lelamunan katon nyata
Nambah rereged ing ati
Nambah ruwet ing pikir

Wusane
Sakdawane wengi
Amung wira wiri
Amung glibat glibet
Amung mubeng mubeng
Ing sakdawane lurung
Nuruti bingung

Selasa, 26 Juni 2012

Di Tempat parkir Pasar Jabung .....
ada 2 orang Tukang Parkir sedang ngobrol,,,, Gayeng tenan ketok'e

Kancil : Mas, Nduwe motor ngeneki ga?......(smbil naikin MIO Pino terbaru)
Bento : (Diam - Melirik Sewot, smbil naikin motor butut)
Kancil : Hee Mas, Nduwe motor ngeneki ga??!
Bento : (Masih Diam - Tambah Sewot)
Kancil : Nduwe motor ngeneki ga??!
Bento : Eh Jancuk i! Ngenyek.... Peh motorku elek ... Ngajak Gelut ye ? ayo neng lapangan Sekolahan nek wani!!!
Kancil : Jane ket mau ki aku yo arek neng sekolahan!!!! Tapi aku ra iso carane nguripne motor iki... Makane aku takon, kowe Nduwe motor ngeneki ga? Aku raiso carane Nguripne..... Ngunu ae Nesuuuuuu

— By: satrio bakul gethuk.

BULAN SEPARO

Malam tlah tiba
suara gamelan sayup d telinga
ku hanya bisa merenung
melayang dalam lamunan yg hampa

Langit seakan bicara
Bulan Separo seakan Merona
Bintang2 ikut bercanda
Menertawaiku yg dirundung lara

Senin, 07 Mei 2012

AKU MELAYANG BERSAMA ANGIN

Maaf malam ini aku datang lagi,
Disaat semua terlena dengan mimpi2 nya terbuai dng kehangatan selimutnya....
Aku mulai mengarungi samudra malam nan kelam
Dng keterbatasan panca inderaku, kan ku genggam seluruh isi dunia, aku mau rubah segalanya....

Maaf malam ini aku datang lagi,
wakktu menunjukkan pikul 1:49 walau gak sama dng serverku
ku buka pintu rumahku
diam sejanak, ku melangkah, dan terus melangkah kurentangkan tanganku
kurasakan AKU MELAYANG BERSAMA ANGIN terbawa angin malam yang terus membawaku terbang
inikah namanya Jagad Raya..........

Maaf malam ini aku datang lagi,
besok.... datang lagi
lusa.....datang lagi
Maaf malam... aku selalu menemanimu......

Rabu, 08 Februari 2012